Anak Rantau. Powered by Blogger.

Search This Blog

Wednesday, September 5, 2012

Apa Tumon

Crita iki kedadiyan jaman biyen naliko aku isih SD, yo kira-kira kelas 2 apa kelas 3 yen ora salah. Nalika semana durung kaya jaman modern kaya saiki. Cilikanku ndisik yen arep nonton TV kudu nang nggone tanggane, yo merga nang omahku ora ndue TV tapi uga merga sing isa tuku TV yo sing termasuke pawongan sing sugih.

Dadi wengi iku aku lan adikku lanang biasane yen wes arep magrib mesti gage mangkat nang mesjid kanggo sinau ngaji. Tapi dasare cilikanku yo rada ndendeng dadi aku ora mangkat nang mesjid malah mampir nggone lek Murni nonton TV. Adiku tak kon mangkat nang mesjid dewe'an karo mengko yen mulih saka mesjid tak kon ngampiri, dadi isa mulih bebarengan. Ndilalahe mungkin merga aku kekeselen seawan dolan wae, dadine nonton TV ora ngasi 15 menit aku wes keturon. Kira-kira jam 8-an adikku mulih terus mampir omahe lek Murni karepe arep ngampiri aku terus mulih bebarengan. Mengko yen wes tekan omah terus ditakone Ibu Bapak wangsulane pesti wes bar ngaji saka mesjid hehehe....

Adikku wes teka nang omahe lek Murni terus nggugah lekku turu. Sak nalika aku kaget tangi terus ora sadar aku mlebu ngono wae nang ngjero kamar omahe lek Murni terus mapan turu maneh. Mak plenggong adiku yo bingung setengah mati. Arep nyusul aku mlebu kamar yo ra wani merga nang sebelahku lek Murni yo isih keturon. Adiku terus muleh ngandakke nang Bapakku yen aku keturon nang omahe lek Murni.

Bapak tekan omahe lek Murni. Lek murni yo wes tangi mungkin merga yo kaget kok ana cah lanang turu nang kamare, wong yo anake lek murni ki wadon. Nalika Bapak teka terus karo lek murni dikandani yen aku mau ngelindur terus mlebu nang kamar.

"Bud... Bud.. tangi. Lha kowe ngapa turu nang omahe lek Murni, apa njaluk dikeloni lek Murni?" Bapak nggugah leh ku turu.

Sak naliko aku njenggirat kaget krungu yen aku arep dikeloni lek Murni. Nalika aku kelingan yen aku turune nang omahe uwong liya, aku langsung mlayu mbradat muleh nuju omahku dewe. Tekan omah wes di geguyu ibu lan mbak-mbakku. Mbakyuku pas, sing tukang gelutan karo aku yen ning omah, malah ngguyu ngakak karo ngiwi-iwi ngenyek. Wah jan gara-gara dikon ngaji malah nonoton TV dadi sewengi aku ora isa turu lan rumangsa kapok ora melu ngaji adikku nang mesjid hahahhaa... Apa tumon??

Tekan saiki yen kelingan crita mau isih kudu ngguyu tapi yo isin :D

TAMAT


NB : Maaf buat temen-temen yang nggak ngerti bahasa jawa, sengaja saya buat postingan bahasa jawa, ya sambil ikut melestarikan bahasa jawa sebagai salah satu kekayaan ragam bahasa bangsa Indonesia. Terima kasih sudah berkunjung ke Blog Anak Rantau dalam postingan berbahasa Jawa.

49 comments:

  1. pertamax kang , ,bahasa jowo#smile . . .pie kabare?

    ReplyDelete
  2. hahhahahaha .. ngakak aku moco crito ning nduwur iku, iso isone keturon ning nggone lek Murni, konangan pisan :)

    ReplyDelete
  3. hahaha, untung gak pas gede yo ale turu nang gone lek murni. yo opo engko dadine. hhahaha.

    Linknya sudah terpasang. pasang balik ya

    ReplyDelete
    Replies
    1. Wah, yen wes gede bahaya sob :D

      Link sukses sob :)

      Delete
  4. pusing aku skip dulu ya hehehe nanti aku baca ulang

    ReplyDelete
  5. gak tau mau komentar apa ni sob.. bacanya aja saya gak ngerti.. hehehe

    ReplyDelete
  6. tumon kui nek ra salah ketumanen, bahasa indonesiane yo keterusan yo ra? tapi iso dadi artine "ora tumon" "ora petuk".. lucu ceritane hehe.. yo wes seng penting ora keterusan nganti saiki to...

    ReplyDelete
    Replies
    1. Tumon ki petuk sob hehehe...
      Yen keterusan berarti tuman iku :D

      Delete
  7. wkwkwk......omahe lek murni mesti mbetahi yo mas...kok yo nganti keturon neng kono...:)

    ReplyDelete
  8. biasa pancen angger turu lih di gugah suka nglindur atau linglung, ku beh gemiyen pernah, turu sore pas digugah ngertine wes esuk, adus pan mangkat sekolah, jebule iseh maghrib :D , kadang juga nonton tv kelayah turu bar gon pindah kamar, mlaku pindah ora sadar, esuk bingung ganeng wes neng ana kamare dewek

    ReplyDelete
    Replies
    1. Iyo, aku yo pernah ngono kuwi sob, wes adus jebule malah magrib hahhaa...

      Delete
  9. hehehe...untuk sampeyan esih cilik ya mas bud, coba wis gede opo dadine, pasti fitnah hehe...lucu tenan

    ReplyDelete
  10. hha rodo ora donk boso jowo ak hehehe

    ReplyDelete
  11. omahe lek murni ono opo mas? kok betah men :)

    ReplyDelete
  12. wehehehehe serius gak menger sama sekali

    ReplyDelete
  13. untunge ndak ngompol mas bud,., :eeaa wkwkw
    jiaan... lagi tumon iki aku.. :hehe

    ReplyDelete
  14. beuh.. @@

    bahasa bercandanya dicerita sepertinya tidak asing

    apalagi yang ini (kel***) <== danger @@

    ReplyDelete
  15. wah bisa bisa nya ketiduran di sana, coba kalau ketiduran di sebelah anaknya yang c3ewe. ahahaha, asik dan malu tu

    ReplyDelete
  16. kok iso keturon ki lho... nek kroso ngantuk kan mestine langsung mulih wae :p

    ReplyDelete
  17. Waduh bingung aku bacanya heheh :)

    ReplyDelete
  18. waduh, bahasa nya ane ga ngerti sob, hehe

    ReplyDelete
  19. mf google translate gk mengenal bhs jawa heheh..

    ReplyDelete
  20. hehe apek ceritane
    mzok izo teturon neng omah wong liyo

    kunjungan perdana
    salam kenal

    ReplyDelete
  21. kunjungan silaturahmi sob...

    waaah jowone medok... hee

    ReplyDelete
  22. kunjungan silaturahmi sembari baca baca artikel yang keren keren termasuk bahasa daerahnya.mantap...

    ReplyDelete
  23. aku ora iso ngomong jowo walaupun ortu ku jowo :'(

    ReplyDelete
  24. opo tumon tuh acaranya koran apa ya..?
    apa masih di penyebar semangat juga..?
    dulu suka baca soalnya

    ReplyDelete
  25. . . wachhhhhhhhhhhh,, jarang^ ada blog yg bikin postingan ttg bahasa jawa. dulu aq pernah, skali mungkin. tapi itu tentang marah^. he..86x . .

    ReplyDelete
  26. aku nyerah, aku pasrah. bahasa jawa koe ora tenget hehehe

    ReplyDelete
  27. Walah wong jawa to. Inyong nembe ngerti nek sampean kue wong jawa.

    Ya wis, salam sekang wong Banyumas :)

    ReplyDelete
  28. haaaa...haaaa..haaa salut ni buat mas brooo....sampe segitu nya cinta sama bahasa tanah air nya ..unuk gan.....salam kenallll

    ReplyDelete
  29. aku mudeng bang,...hehe seng g mudeng ki tumon artine opo yak?? hehehe

    ReplyDelete
  30. he he he ... lucu nganggo banget .....

    ReplyDelete

Maaf, komentar SPAM akan langsung dihapus :)

Statistik Blog

Check PageRank

Statistik Blog

  © Blogger template The Beach by Ourblogtemplates.com 2009

Back to TOP