Anak Rantau. Powered by Blogger.

Search This Blog

Monday, March 19, 2012

Panti Pijet

Embuh, aku mau kepikiran opo tho yo.....?? kok ujug-ujug pengen wae nulis nang blog nganggo boso jowo. Mungkin pancen jarang aku moco-moco postingan ning blog nganggo boso jowo. Yo, iki nggo selingan wae ben ora bosen, tur yo ideb-ideb kanggo ngelestareake boso jowo sing saiki mung dinggo omong-omongan wae nanging jarang sing gelem nulis nganggo boso jowo kuwi.

Sengojo aku nulis nganggo boso jowo ngoko, mergo pancen aku boso jowo sing alus gak patiyo iso (iso se jane, tapi wedi mengko sing moco sing ra iso hahahha.... padahal sing nulis soyo parah gak mudeng unggak-ungguhing boso :)).

Ing kesempatan iki, aku arep nyritakke pengalaman sing yo.... iso diarani ngisin-ngisinke tapi yo lucu, nek kelingan dadi mesam-mesem dewe hehehe.....

Naliko aku iseh kerjo neng Semarang, pas'e neng daerah Citarum, Sak bar'e jembatan citarum soko arah Solo kiwo dalan mlebu sithik ono ruko-ruko, yo nang kunu iku kantor panggonanku nyambut gawe. Nek ra salah ning deretan iku ono 7 ruko, kantorku pas ning tengah-tengahe. Sisih kiwo nek disawang soko ngarep, dealer honda, lan sisih tengene Panti Pijet. Wah jan.... panti pijet iki sing marai ngedeg-ngedeg'i hahahha...... Mbuh iku panti pijet plus-plus opo minus-minus aku yo gak ruh, wong durung pernah njajal, tur yo ra pengen njajal. Dudu mergo opo-opo se, tapi pancen aku yen di pijeti kuerine puol hahaha.... Saben isuk sak durunge mlebu kerjo biasane jagongan sek bareng konco-konco karo nyawang cewek-cewek panti pijet sing agek mangkat kerjo. Klambine sesek, rok'e jian... duwur tenan hehehe...., kadang-kadang kepikiran gek nek arep njukuk barange sing ceblok ngunu iku carane piye hahaha..... pawak'ane biasane lemu-lemu, tapi yen disawang sak klerapan pancen semloheh tenan.

Dino senen, isuk-isuk jam 7-an aku wes mudun soko bus kota, terus mlaku arah kantorku. Eee... ndilalah bareng cewek jian, uuayuu yenan. Pawak'ane koyo biola, pacak'ane jan pas tenan, rok'e mini, nganggo stoking ireng, sepatune jinjet duwur tenan, paling nek sikelku kepidek iso langsung aboh seminggu hahaha...., waktu iku aku langsung kepikiran, cewek iki pesti karyawan panti pijet anyaran sebelah kantor. Dewek'e nyawang aku terus mesem. Awakku langsung adem panas, pokok'e grogi tenan aku mlaku bareng dewek'e, untung wae aku ora kesandung-sandung. "Yuk mas bareng..." cewek iku ngajak'i, koyo wes ngerti wae kantorku sing endi, mungkin mergo klambi sragam kerjoku, batinku.

Tibak'e tebak'anku mau bener. Bocah'e malaku arahe yo arah kantorku. Wah yo pancen karyawan panti pijet iki. Batinku, sayang ment yo..yo.., ayu-ayu kok kerjo nang panti pijet. Kiro-kiro 5 meter soko pintu kantor, aku mlaku misah arah ngiwo karo mesem neng dewek'e. Cewek iku yo mbales mesem, tapi wajah'e ketoro rodo bingung kok aku mlaku ngiwo. Aku wes tekan ngarep lawang kantorku, cewek ayu mau tak lirik wes mbukak lawang nggone kerjo karo yo ngirik aku tapi wajahe yo sek ketok bingung. Mbasan cewek ayu mau wes mlebu, aku agi mbukak lawang kantor. Sak wis'e mlebu terus lawang tak tutup. Aku njumbul kaget sak kayange, sampek rokok neng kantong klambi ngarep ceblok mergo saking kagete. Lha piye ra kaget, agi mlebu wes disambut karo eseman genit wong wedhok sing dandanane menor lan pawak'ane lemu. "Monggo mas, mang milih menunipun, ajeng pijet ingkang biasa-biasa kemawon nopo sing mboten biasa?" karo nggandeng tanganku. Sak naliko langsung tak kipatke tangane cewek iku mau, nyandak lawang, terus mak bradat mlayu sipat kucing. Wes ra tak pikerke rokokku sing ceblok nang panti pijet mau, langsung mlayu mlebu kantorku. Neng njero kantor wes diguyu ngakak-ngakak konco-koncoku. Isinku, ngati bingung arep nyelehke rai. Upomo ono sewo rai, aku pesti pesen 2. Siji gawe nutupi rai ngarep, siji maneh gawe nutupi nburi hahaha.... Ealahhh....tibak'e cewek ayu isuk mau ki karyawan anyar kantorku dewe tho.......!! Tak kiro karyawan panti pijet hahahhaha.......

Untung wae dek mau neng panti pijet gak dipekso dipijeti. Upomo mau langsung dipekso dipijeti, paling wong sak komplek ruko krungu kabeh aku bengak-bengok. Lha wong aku wonge nek dipijeti paling ra betah nahan keri hahahha.....

Nb:
Sederek-sederek ingkang saget boso jowi, monggo komentaripun ditenggo. Ingkang mboten ngertos boso jawi, njeh nyuwun ngampunten. Kulo njeh ajeng mangertosi komentaripun panjenengan ingkang mboten mudheng crito teng inggil meniko :)
....

116 comments:

  1. aduh .. apaan nih bang .. gua udah baca tapi nggak ngerti .. bahasa jawa yo ??
    hehehe

    ReplyDelete
    Replies
    1. Iya bahasa jawa sob, gak papa gak ngerti, thanks ya kunjungannya :)

      Delete
  2. sumuhun abdi ge teu tiasa nyarios jawa

    ReplyDelete
    Replies
    1. Gpp sob, yang penting dan komen hehe... thanks ya :)

      Delete
  3. Ki mesti terinspirasi postinganku sing nganggo basa ngapak *pede*

    ReplyDelete
  4. Replies
    1. Sakit perut karena ngerti apa karna gak ngerti mbak :D

      Delete
    2. ngerti dong, aku wong jowo loh :)

      Delete
    3. Xixii... tak kiro gak ngerti mbak :)

      Delete
  5. wooyyy .... gak ngeti gue, gw udah baca dari ujung atas ampe ujung bawah, tetep aja gak ngerti, translite dong, wew #lempar sendal ^^

    ReplyDelete
    Replies
    1. Sori sob, jadi gak lucu ceritanya kalo pake bhasa Indonesia sob wkwkwkwk....

      Delete
  6. ngapura.. ora nyemak sob.. anu akeh banget dadine komentar bae ngganggo bahasa jawa banyumasan.. ngerti ora???

    ReplyDelete
  7. ^_^....ga ngerti aku......
    salam sehat aja dah sobat...

    ReplyDelete
  8. Nggaya...Isin barang,,, padahal sengojo arep mlebu toh,,, :D

    Yen isin, nyoh tak silihi raiku... wkwkwkw....

    Ternyata Citarum ya, Mas... Rumah ortuku di Jl. Gajah..., deket Masjid Agung Jateng Sekarang, Cedak to...tp siki manggonku ra nang kono, ngekost dewe... *ra takon yo karepmu* aku yo ra njawab koq :D

    ReplyDelete
    Replies
    1. Sssttttt.... ojo seru2 mas sob, ndak ono sing krungu wkwkwkkw....

      Iyo mas, pernah lewat mesjid agung. saiki kost teng pundhi mas sob??

      Delete
  9. sumprit, aku mocoe ambek mercing-mercing. mbasio jowoan onok sing gak ngerti soale.

    tapi nangkep aku, hwahahahaha...... geblek-geblek. aku ngunu wes kisinan polll paaakkk, hahahahaha..... lek seumpama aku dadi arek wedok'e ngunu wes ta'guyu sampe njengking-njengking. hahahahahahahahaha

    ReplyDelete
    Replies
    1. Wkwkwkkwkw.... jo ngunu tha vit, tambah isin aku hahahhahhaaa....

      Delete
    2. hahahahahaha..... aku teko mek nunut ngguyu. hwahahahahahahahahaha...........

      Delete
  10. aku mau komentar mas.. tapi ta nanya dulu sama teman apa semuah itu artinya.. di tunggu aja ya

    ReplyDelete
  11. Mantap Mas, tapi pernah koq lihat situs pake bahasa jawa. nice share.

    ReplyDelete
  12. maaf gak bisa comment lebih jauh, soalnya ora ngerti basa ne (betul gak ya bhsa jawa saya ini) hehhee..

    ReplyDelete
  13. nek kulo malah isin sanget kaleh seng setri wau... la teruse pripon niko pas teng kantor ketemu kaleh cewek'e wau?

    nyuwon ngapunten geh kulo boten saget boso jawi wkwkwkwk....

    ReplyDelete
    Replies
    1. NEk ketemu, nyilih raine tanggane sob wkwkwkkw....

      Delete
  14. walah, tibae salah mlebu to sampean. hahahaha. mulane ojo salah sangka, ayu ayu ga mesti dadi karyawane panti pijet.
    sampean ki wong semarang ta kerjone ae nek semarang, ko 'uuuayuuuuu'? biasane sing koyo ngono iku teko timur, yo jowo timur nek ga yo pati. aku soale tau nang jawa timur soale.

    ReplyDelete
    Replies
    1. Iyo mas, malah aku sing kleru mlebu kantor wkwkwkkw....

      Aku pasuruhan mas sob :)

      Delete
  15. aku tau kenapa ko pake bahasa jawa? soalnya ini pengalaman memalukan jadinya takut tersebar... heheheh. bisa bisanya ko salah masuk kantor.

    ReplyDelete
    Replies
    1. Bukan memalukan sob, tapi ngisin2ke hahahha....

      Delete
  16. wkwkw....iki judule salah mlebu kantor to...mbok tadi di coba aja pijetnya, sopo ngerti enak....hehehe

    ReplyDelete
  17. basa jawane ora pada karo nggonku kiye... wahahahha

    ReplyDelete
    Replies
    1. Gak papa sob, bhsa jawa emang banyak versinya heheh...

      Delete
  18. huaaaaaaaaaaa.... gue puyeng :( dari kalimat awal sampe akhir kaga ngertii... hikss

    ReplyDelete
    Replies
    1. HAhahha... emang sengaja bikin Nay puyeng wkwkwk...

      Delete
  19. wiihh aku ora ngerti opo sing koe tulis *:D hasil nanya ke temen*

    ReplyDelete
    Replies
    1. HAhahha... temennya pinter tuh bahasa jawanya sob :D

      Delete
  20. Wehhh ENeng Juga Lo Kang blog seng postinganE nganggo boso jowo tapi aku Lali Ee Alamate hehhee

    ReplyDelete
  21. hahahaha... sampeyan ki yo lucu tibakno.... senajan bolo karyawan ayu yo gak popo nek dipijeti...hohoho

    ReplyDelete
  22. wah kudu jane gak usah isin mas...lha wonge ayu yo di kon mijeti...:)

    ReplyDelete
  23. ayu sih ayu..
    asal ora ayu mana ayu mene..
    :D

    ReplyDelete
  24. waduh.. seru koyoke.. kulo dereng pernah melbu panti pijet kang. hehehehe..

    ReplyDelete
  25. Wah! Tum, dundang mbokmu! Malah dadi tukang pijet? Mbok yo dituruti ae, kang! Idep2 pengalaman! Bhahahaha

    ReplyDelete
  26. Et dah (ini bahasa tangerang, wkwkwkwk), aku iki pancen wong jowo tapi nek disuguhi tulisan sing nganggo boso jowo yoooo puyeng le.. XD

    ReplyDelete
    Replies
    1. Ae dah... (bahsa palembang) gak iso yo gak popo, sing penting iso teko mrene hahahha....

      Delete
  27. berati kudu pijet ++ kang. . . men swuegerrrr. .

    ReplyDelete
  28. Hihiiii (nyengir kuda,,)
    nGGa ngerti bang....
    bukan orang jawa

    ReplyDelete
  29. hahahaha...neg aku malah tak teruske no..

    ReplyDelete
    Replies
    1. Hahahhah... wes dikandani keri kok, malah awak'e pegel kabeh mas hahhah...

      Delete
  30. weleh...weleh mas... aku harus komen apa ini? dari awal hingga akhir aku ga ngerti... hihi

    ReplyDelete
  31. wuduh, meski saya juga orang jawa, tapi sepertinya saya butuh google translate nih.
    Aku di rumah dan di sekolah pakenya bahasa jawa kasar dicampur bahasa indonesia. . . jadi, bahasa kayak gitu, nggak paham, mentok nyampe paragraf 3, hehe

    ReplyDelete
    Replies
    1. Gak papa Ocha, soalnya bahasa jawa tiap daerah juga beda2 hehehe.....

      Delete
  32. . . wha. . ha. . ha. . ha. . ha. . ha. . ha. . sama kayak aq. jadi antara sakit n geli, aq nya slalu ketawa^ gitu. he..86x. jadi setelah di pijit bukan nya tambah enteng, tapi malah kaku smua badan aq. he..86x . .

    ReplyDelete
    Replies
    1. Wkwkkwkw... kayaknya jodoh kita Vpie :p

      Delete
    2. . . aich,, he..86x. gimana kalo km aq injak^ aja. kan ntar gak bakalan geli lagi. gimana?!? he..86x . .

      Delete
    3. Wkwkkwkw.... itu mah KDRT namanya vpie :D

      Delete
    4. . . jiach,, masa kyak gitu KDRT sich?!? kalo KDRT tuch ya km tak potong kecil^. lalu aq sate. wha . . ha. . ha. . ha. . ha. . ha. . ha. . jadi laper aq . .

      Delete
    5. Wkwkwkkw... pantesan ayamku dikandang kemarin pada mati. Kamu tho vie yang mbrakoti Hahahha.... :p

      Delete
  33. kulo Isone sitik-sitik boso jowo ....

    ReplyDelete
    Replies
    1. Sami mas, kulo njeh namung sekedik sagetipun hehehe....

      Delete
  34. mau komentar tapi bingung sobat ini ngomong apa...

    jadi saya memilih golput saja dalam pemilihan tahun ini *lohh??*

    ReplyDelete
    Replies
    1. Waahhhh... gak boleh golput, entar ada yang manfaating hak suaranya wkwkwkwk...

      Delete
  35. pada bae karo aku, ora bisa ngomong jawa krama alus padahal bapane, ibune, kakange, mbakyune, adhine lancar ngomong krama.
    Kuwe keri apa keri nek dipijet wakkakkakk
    #komen ngapak

    ReplyDelete
    Replies
    1. Hahhah... gak papa, komennya aku ngerti kok sob :)

      Delete
  36. Replies
    1. Kudu ganti kartu yang bebas roaming sob hahha...

      Delete
  37. Hehehe. .njenengan niki kok lucu to kang. .w0ng di pijit kok malah ngipatke tangane mbak e. .njenengan mboten malah seneng to kang? Sak estu nek kulo niki malah seneng nyuwun di pijit. .kersane awak tambah menak.. Hahaha. .

    ReplyDelete
  38. pijet plus2 tenan wi mas. g bener. hem, asik nu enek karyawan ayu. tapi pasti gung due pacar yo awakmu nalikane kui bang? soale mikire wes teko ndi2, hahay ya kui nak kerjo nad kota kudu ati2

    ReplyDelete
    Replies
    1. Iyo han, Huayuuu tenan hahhaha... sayange wes ndue pacar :D

      Delete
  39. jiahahaha... mangkane ojo nglamun wae mas.. kakaka/ :D

    ReplyDelete
  40. huahahahah~
    kesel deh....

    harusnya ada translate nya ^^

    ReplyDelete
    Replies
    1. Xixixi... kalo di translate jadi gak lucu jiah :D

      Delete
  41. #TOS#
    asli podho aku yo ora betah nahan keri hahahha.....Makane alergi karo pijet..ojo maneh pijet, kdg mbonceng konco podo wedhok'e nek nyabuk nang pinggang ta omeli mergo keri. Iso-2 malah tibo anggonku nyetir motor nek di enggo cekelan pas mbonceng

    ReplyDelete
  42. *langsung nyariii temen yang taau bahasa jawaaa, eh lg pulkam diaaaa*

    -____-

    ReplyDelete
  43. kulo nuwon,
    ideb-ideb kok yo iso melbu panti pijet ki piye leh mas ?
    aku lagek pisan iki unjung2 blog e sampeyan :)
    ayo podo seduluran

    ReplyDelete
    Replies
    1. Monggo mas sob hehhe...

      Suwung njeh sampun mampir teng nggen kulo :)

      Delete
  44. Bwahahaha,
    aku yo nak dipijeti yo mesthi bengok-bengok opo meneh dikeroki wkwk~
    Wah suuzon ya karo wong, jebul konco sekantor huuu~

    ReplyDelete
    Replies
    1. Hahahhaha.... opo yo sok kerok'an mbarang mbak :D

      Delete
  45. Ceritane lucu mas. La seng mbok sawang mau lak ngerti sampeyan mlebu panti pijet mau kang. Nek karo konco2 isine ra sepiro, nek karo wong huaaayu sing mbok kiro karyawan panti pijet mau piye? Dak huuiiiisiin tenan sampeyan mas.
    Po meneh arep mbok dadekno gebetan.... Ha...ha...

    Aku yo kangelan nganggo boso jowo mas. Paling yo ngoko tok isoku.

    ReplyDelete
    Replies
    1. Wkwkkwkw.... nek petuk nyileh raine kancane sek mas hahahha...

      Delete
  46. Ora ngerti...!!! Gak ngerti boso jowo.... :dead

    ReplyDelete
  47. hahaha,bisa aja nich si agan..
    lucu gan artikelnya..

    ReplyDelete
    Replies
    1. Hehehe... thanks sob kunjungannya. Semoga sukses bisnisnya :)

      Delete
  48. bruakaka, kok sampe bisa gitu?

    ReplyDelete
  49. xixixix....bisa aja nih Anak Rantau

    ReplyDelete
    Replies
    1. Tuh lah mbak, penyakitnya anak muda kalo lagi grogi, sampek lupa jalan hahahha....

      Delete

Maaf, komentar SPAM akan langsung dihapus :)

Statistik Blog

Check PageRank

Statistik Blog

  © Blogger template The Beach by Ourblogtemplates.com 2009

Back to TOP